Skip to main content

Posts

Showing posts from October 20, 2007

House Of Sampoerna

Liputane lan tulisane Cempluk sing bahas mlaku mlaku nanggone House of Sampoerna ambek boso Suroboyoan. Rungokno yo dulur kabeh. Bingung ngentekno libur iki laopo. Lak nang omah ae rasane bosen, mosok mangan turu ae. Yowes, dino sabtu iki dinggo mlaku mlaku dadakan, lho kok dadakan ? Yo iso ae, lah wong Cempluk ono ide pengen mlaku mlaku jek kaet mau sabtu isuk. Dulur, mau awan Cempluk ambek yayange ( Ning Wulan ) mlaku mlaku nang Suroboyo lawas nanging cuma sak panggon ae yaiku Nanggone House Of Sampoerna. Masio cempluk arek Suroboyo asli nanging entas mau, aku ambek ning Wulan kepethuk sing jenenge omahe lan propertine sing duwe Pabrik rokok Sampoerna. Wuih..omahe megah lan isine perabot gawe rokok, foto foto jaman dhisik, lan akeh tenan. Mripat iki rasane gak percoyo lak rokok iso ngidupi wong atusan sampe ewuan. Berarti rokok iki ono loro sudut pandang : untunge ( iso ngidupi wong atusan sampe ewuan ) lan mudorote ( rokok kuwi racun ). Sak durunge ngapunten mergane gambare burek la